# Singkirana pangucap kang datan mungguh, anèng rasa klayan pikir, diulur datan ketemu, diundha datan ketara, amung tansah gawé gawok - - -
# Yèn micara papakna ana rowangmu, dhuwur sagaduking pikir, alus sak meneping kalbu, amba sak jembaring rasa, aja ngliwati wewengkon - - -
# Sesambungan ora mung sarana tutur, angrungu lan sung wigati, mangerti kareping batur, mayar angroncé ukara, gampang tinampi sakloron ---
# Ywa taberi maido tembung nèng ayun, métani marang kang sisip, nggolèki barang kang luput, bakal nyumpet mring pepadhang, lamun ngendhak gunaning wong ---
# Pancèn béda anggoné mikir wong iku, béda carané mikir, kang dén rungu lan dinulu, kang tinarka lan rinasa, gumantung kang dèn anggep wos ---
# Luwih becik bener becik kang dèn luru, samubarang migunani, tan nyawang sapa wong iku, ingkang sampun asung pirsa, yekti wus nuhoni Manon ---
# Sak terusé énggal paringa pisungsung, tembung bener laku manis, saniskara kang satuhu, karya marem énak ing tyas, budi dayanen sayektos.